Langsung ke konten utama

Sinau Basa Jawa

Panganan Tradhisional Jawa


            Panganan tradhisional iku panganan kang kondhang ing papan utawa dhaerah tartamtu. Saben dhaerah biasane duwe panganan sing kondhang lan dadi ikon dhaerahe. Kayata coto lan konro ing Makasar, rendhang ing Padhang, lan sapanunggale.

A. MACA LAN NAGGAPI TEKS

 Gatekna pethilan teks ngisor iki!



      Tumpeng iku cara nyuguhake sega lan lawuh jroning wangun bucu : amarga saka kuwi banjur diarani sega tumpeng. Olahan sega sing dianggo umume arupa sega kuning, senadyan karep uga digunakake sega putih biasa utawa sega uduk. Umume tumpeng disuguhake ing tampah kang arupa nampan gedhe, bunder, saka anyaman pring. Tampahe dilemeki godhong lan sega tumpenge dipanggokake ing tengah, diubengi lawuh lan janganan. 
       Tumpeng biyasane dianggo ing upacara tradhisional sing sifate seneng utawa sedhih. Tumpeng ing ritual jawa...


B. NEMOKAKE NILAI-NILAI IANG KAMOT ING TEKS

Babagan kang kudu digatekake yaiku :
  • Tumpeng wujudr lancip kang umume saka sega kuning utawa putih. 
  •  Tumpeng biasane kanggo upacara tradhisional kang sipate seneng utawa sedhih 
  • Tumpeng minangka simbul keslametan, kesuburan, lan kesajhteraan. 
  • Tumpeng kang lincip nggambarake kemakmuran sing langgeng sarta pangarep-arep supaya urip munggah lan dhuwur.

C. MBEDHAH ISINE TEKS

Jadah



        Saka jenenge jadah manten bisa ngemu teges jajanan sing padatan didadekake barang gawan kanggo penganten. Pancen jadah minangka barang gawan penganten kakung nalika badhe pinanggih penganten putri. Jajanan iki didadekake barang gawan amarga ngemu teges supaya penganten kakung lan penganten putri tansah lengket kaya sipat jajanan jadah kasebut.
        Jadah uga minangka jajan sing kudu ana ing acara tedhak siten. Kaya kang wis dimangerteni, tedhak siten minangka wujud rasa syukur nalika putrane wis ngancik umur pitung sasi. Gegayutan karo angka pitu kasebut mula jadah kang dicepakake ana werna pitu yaiku abang, putih, ireng, kuning, biru, jingga, lan ungu, babagan kasebut ngemu teges minangka simbol kauripan sing bakal dilakoni putra-putri, yaiku wiwit sikile napak kapisan ing donya nganti tekan diwasa mengone, dene werna-werna kasebut minangka gambaran urip menawa manungsa kuwi akeh pepalang kudu diliwati. Jadah pitu ditata wiwit saka werna peteng banjur padhang, iki nggambarake menawa prekara sing bakal dilakoni putra-putri kasebut wiwit saka prekara sing abot tumekaning prekara sing entheng, ateges uga sanajan abot prekarane mesthi bisa karampungake. 

Isine teks ing dhuwur, yaiku :
   * Jadah minangka jajan kang padatan didadekake barang gawan kanggo penganten
   * Jadah ngemu teges supaya penganten kakung lan penganten putri tansah lengket
   * Jadah uga minangka jajan kang padatan ana ing acara tedhak siten
   * Jadah kang dicepakake ana werna pitu yaiku abang, putih ireng, kuning, biru, jingga lan ungu
    * Jadah werna pitu ngemu teges minangka simbol kauripan sing bakal dilakoni putra-putri, yaiku wiwit sikile napak kapisan ing donya nganti tekan diwasa mengkone, dene werna-werna kasebut minangka gambaran urip menawa urip kuwi akeh pepalang kang kudu diliwati.





Sumber : Gagaran Nyinau Basa Jawa 1 Kelas X SMA/SMK/MA



Komentar

  1. Sangat bermanfaat :)

    BalasHapus
  2. Komentar ini telah dihapus oleh pengarang.

    BalasHapus
  3. Semoga ilmunya jd amal jariyah aamiin

    BalasHapus
  4. Baguss,topiknya sama kaya yg buat suka kuliner

    BalasHapus
  5. Matursuwun mbaknya, Sangat Membantu Sekali:)

    BalasHapus

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Materi Basa Jawa Kelas XI

Serat Wedhatama punika anggitane kanjeng gusti pangeran adipati arya (KGPAA) Mangkunegara IV. Serat Wedhatama punika didikan luhur kagem membangun penggalih pekertine sinten kemawon ingkang membaca. Serat Wedhatama dianggit wujud sekar macapat pupuh pangkur, sinom, pocung, gambuh, kaliyan kinanthi. A. MACA LAN NANGGEPI TEKS SERAT WEDHATAMA PUPUH GAMBUH LAN NITIK GURU GATRA, GURU LAGU, LAN GURU WILANGAN Gambuh Samengko ingsun tutur Sembah catur supaya lumuntur Dihin raga, cipta, jiwa, rasa, kaki Ing kono lamun tinemu Guru gatra yaiku wewaton jumlahnya larik saben sapada. Guru gatrane saben sapada papada sekar gambuh wonten 5. Guru lagu yaiku wewaton dhong dhinge swanten saben pungkasane gatra. Guru lagune sekar gambuh yaiku u, u, i, u, o. Guru wilangan yaiku wewaton jumlahnya wanda saben sagatra. Guru wilangan sekar gambuh yaiku 7, 10, 12, 8, 8. Biasane sinerat 7u, 10u, 12i, 8u, 8o. B. NEMOKAKE SERAT WEDHATAMA PUPUH GAMBUH LAN NJUMBUHAKE KARO KAHANANE BEBRA...

Materi Basa Jawa

Busana Jawa         Ajining dhiri gumantung kedaling lathi, ajining sarira mengapan berada di busana. Mekaten punika abaan-abaan jawa supados priyantun jawa mencepat-penggalih caranya jumbuh merugi-mungel kaliyan ngetrepake busana utawi pakean. Busana kejawen ingkang jangkep pantas sekalinya priyantun kakung dumadon dening wolung werni. Wolung werni punika ginda dening inggil : blangkon, beskap, keris, cindhe, tagen, epek, timang, jarik, lan selop. A. Maca Lan Nemokakeisine Teks Dheskripsi Babagan Busana Jawa               Kados ingkang sampun nate dirunding, ingkang sinebut teks dheskripsi punika teks ingkang difungsikan kagem njletrehake samukawis kanthi nerangake katrangan ingkang ketingal. bet kalodhangan menika, samukawis ingkang diniatkan wujude busana adat jawa.        Kajawi punika ugi kedah saged mengayam kaliyan memberbedakan tembung-tembung ingkang difungsikan, tembung-cariyosipun men...